LAMONGAN TEMPOE DOELOE DISNAKER LAMONGAN TAHUN 2026
pengumuman
Selasa, 23 Juni 2026
147x dilihat
🎺 Woro-woro... woro-woro...! 🎺
Lurrr... nek dolan nang Lamongan Tempo Doeloe 2026, ojo nganti kelewatan mampir nang *Stand Disnaker Lamongan Nomor 13* yo! 😍
📍 Lapangan Gadjah Mada Lamongan 📅 24–27 Djuni 2026
Nang kene panjenengan iso nyawang lan ngenang *Warisan Industri Rokok Linting Kebanggaan Lamongan*, salah siji sejarah sing dadi bagian penting perjalanan tenaga kerja lan ekonomi masyarakat Lamongan.
Ora mung kuwi... 🎯 Ana mini game seru sing siap nggawe sampeyan senyum-senyum dhewe. 🎁 Ana doorprize menarik sing siap digawa mulih. 🍽️ Ana uga jajanan lan kuliner khas: 🌿 Nasi Pecel Godhong Jati 🍚 Nasi Gurih 🌽 Jagung Rebus & Bakar 🧁 Bikang Lumer
Ayo rek, sak keluarga, sak konco, sak kampung sekalian mampir nang Stand 13!
Nguri-uri budaya, ngelingi perjuangan wong-wong biyen, lan ngrasakke suasana Lamongan tempo doeloe sing mesthi nggawe kangen. ❤️
📢 Ketemu nang Stand Disnaker Lamongan Nomor 13 yo! Ojo mung lewat, mampir... foto-foto... dolanan... lan oleh hadiah! 😆